Ana unen-unen jare yen beja ora kaya wong, yen cilaka ya ora kaya wong. Durung suwe iki Yu Wulan tuku HP merek anyar triji pisan warnane abang branang. Saking senenge ora leren-leren anggone dolanan HP. Malah nganti lali gawean lan mangan pisan. Thit-thit, thuit, gara-gara SMS. Bareng dibukak cebul ana pakabaran antuk hadiah Motor Mio, wah senenge ora jamak lan jingkrak-jingkrak .

Mula kayadene rindik asu digitik, sak bisa-bisa SMS mau kepengin dibalesi , bareng Yu Wulan bisa kontek marang sing ngirim SMS mau , Yu Wulan manggut-manggut bungahe kaya dene nemu emas sak genthong, sangsaya semangat kaya-kaya dicencang medhot, dipalangana mlumpat. Anggone ngomong cas cis cus, ngalor ngidul jarene kon ngirim pulsa. Nganti jumlahe njiret gulu pisan. Saya suwe lagi krasa wis ngenteke jutaan rupiah jebule mung kapusan. Kanggo mbuktekake yen kapusan mau nganti ditakokake menyang wong tua (dukun), jarene kena hipnotis, akere Yu Wulan mung dhelek-dhelek kami tenggengen.

Ana sak perangan maneh Yu Darmi antuk telepon seka rumah sakit. Bareng diangkat yu Darmi manawa anake lanang sing isih ana bangku sekolah SMA kena kecelakaan, lan dirawat ing rumah sakit , sing surasane kudu transper duit cacahe yutanan , kanggo nylametake nyawane anake. Saking gugupe tanpa takon-takon lan pikiran kemrungsung Yu Darmi banjur tranpers.

Ora sranta jebul anake mulih saka sekolah, Durung pit montor anake di parkirake ing njeru omah, Yu Darmi gidrap-gidrap karo nangis bengok-bengok, nganti lali pisan. Bareng anake ora kedadean apa-apa seger buger diambungi lan diucel-ucel nganti anake semaput pisan, para tangga teparo pada teka, ana apa, bareng wis kelingan manawa sampeyan kapusan. Mula Yu Darmi anggone nyelengi mbaka sekethip duwite entek amek kurang golek gusis tenan, thelek-thelek.

Cecala :

Pengalaman lan werta iki nyata-nyata tenan, mula saka iku para sedulur sakabehing sing durung pasti kudu dipikir lan dirembug kanti mateng. Aja grusah-grusuh. Crita iki kanggo gethok tular, aja nganti kapusan kaya sedulur sing wis kelakon. SKM 2010.