Gegayutan miturut wong tani, sing wis seprana seprene ndudah saka gugon tuhone marang sakawit para leluhure, wong nenandur iku kudu nganggo pitungan, kayadene Kliyek, Menthek, Joto Kemil, sing paling apih tiba , kliyek utawa menthek.

Wis ora dadi rahasia maneh, tumrape kota gaplek sisih kulan kidul Wonogiri, khusus Kecamatan Manyaran petani tadah hujan kaya dene pasrah sumarah manawa gagal panen . Wayah lelabuhan nandur sepisanan tanduran palawijo jagung kemrikit, dele kembang pelik kacang sundlep wus meh rong minggu ora ana banyu niba alias udan.

Kaya dene dusun Mantren Bapak Saliman, sing ndak temoni rikala tanggal 25 Desember 2009 deweke nangis nggluguk, amarga tanduran pada alum , winih pari uga tuku wis kebajut diurit nganti lewat umur nandur. Amarga sawahe garing. Apa maneh Pak Mulyono lan Wiyarso akeh pangurbanane nganti direwangi cucul tenaga lan duit atusan ewu kanggo nyedot banyu ing kali, sabisa-bisa ing tembe tanduran urip lan kanti kasil matumpuk-tumpuk.

Wektu iki malah reregan beras nekak gulu Rp 6500, ya gur wala-wala kuwata, kamangka arep buruh ora ana sing mburuhake, kabeh pada urip rekasa ya kuwi sing diadepi saben padinan, gek kamangka perlu mangan lan biaya sekolah putrane. Muga-muga sing dadi pangemban, pangembanting praja ing pamarintahan bisa ngertia marang nasipe wong cilik sing ongklak-angklik , isane mung lungguh dhingklik, lan bisa nglirik lam madhik.

Alhamdulillah wiwit dina Sabtu Pon 26 Desember 2009 wis wiwit ana udan, tanduran katon ijo royo-royo, ning arep wayahe subur kudu dirabuk kamangka reregan rabuk ya sak hohah, bareng kalamangsa panen reregan mudun prasasat ora payu didol. gek kapan thenguk-thenguk nemu gethuk.

Malah ana pawongan ya mung pasrah, sing penting pasar isih ana wong adol, embuh eguh pakewuhe sing penting isih ana sing kanggo ganjel weteng. Muga-muga oyot suket bisa dadi rewang lan para pangarsaning pamarintah babagan pertanian bisa aweh panjurung pitulungan marang para tani, eling marang wong cilik. SKM 2010.