Dumadine Dusun Sumberjo, Ngrusah (Nglagah Wangi).
Posted by sukasnoJan 5
Mangsa kesanga wayahe jagung kemrikit, ithi-ithi munya ing wit jati, godong jati pating gripis amarga dipangan uler. Wanci jam songo esuk pradesan sepi lan tintrim pada ditinggal makarya ngolah boga wastra ing tegal sawah.
Swara Garengpung , mbeker-mbeker gawe lelipur ati lara datan bisa nendra. “ Garengpung-garengpung sing adang urung tapung , ee… dayahe teka, ee… jlembrengna klasa, ee… klasane bedah, ee… tambalen jadah, ee… jadahe mambu, ee… pakakna asu, ee… asune mati, ee… kelekna kali, ee… kaline banjir “ …
Ora ana mendhung, ora ana angin, ora ana udan, ing ngawang–awang katon sumilak miyak megla ara nyana ora ngira ing padusunan Ngrusah, duk ing nguni karawuhan Ki Kanjeng saka Keraton Ngayogjakarta kang merbawa berbudi bawa leksana. Anggone lelana nitih Turangga (Jaran), tumekaning Dusun Ngrusah sawetara Ki Kanjeng mayong (mandeg), mbanjur Turangga mau di cencang.
Ki Kanjeng banjur nerusake lelana, mangetan wus tumeka Dusun Gumuk mandeg “ mayong” jebul cemethi jaran ketinggalan ing Dusun Ngrusah, Sabanjure Ki Kanjeng bali menyang Dusun Ngrusah, saperlu arep mbaleni cemethi.
Bareng tekan ing Dusun Ngrusah, Ki Kanjeng karo melang-miling sak kiwa tengene anggone nyencang Turangga mau. Ki Kanjeng ancik-ancik watu, jebul cemethi mau di delekake salah sawijine pawongan ing wuwungan dhuwur omah joglo. Watu sing kanggo ancik-ancik Ki Kanjeng iki nganti seprene ana patilasane ana pekarangane Bapak Padma Mingso, kadang kalamangsa dina lan pasaran sing dianggep becik ana pawongan pada teka ing patilasan kono jarene duwe gegayuhan.
Ki Kanjeng mbanjur swala sabda pandita ratu, utawa klebu pangipat-ipat kanggo Dusun Ngrusah, Wiwit sak iki lan sak anak keturune ing Dusun Ngrusah iki aja ana sing ngingu Turangga uga ngedekake omah joglo. Mula nganti sak iki desa Ngrusah ora ana sing gawe omah joglo lan ngingu Jaran.
Miturut critane asal usul Dusun Ngrusak sinebutan Glagah Wangi, Rusuh. Lan Dusun Sendang, karana ing padesan kono ana sumber sanga cacahe , Sumber kang gede lan banyune mili terus ana sisih kulan desa pinggir sawah nanging sak iki sing ana sumbere mung kari lima. Sumber warta iki crita lisan Bapak Suharto. SKM 2009.
Tulisan-tulisan berikut berkaitan dengan peningkatan kesejahetraan dan kemajuan manyaran. Untuk itu diharapkan dapat menjadi inspirasi ataupun bahan diskusi untuk memberikan sumbang sih pada Manyaran tercinta. Baik untuk dibaca, dipahami dan diresponse. Terus Maju Manyaran-ku. .....
Mangsa kesanga sak elingku kuwi musime asu gancet (trus diurap-urapi lebu pawon jare ben suwe olehe gancetan).
@Danyang manyaran
Pancen bener ngendikamu.
Sing sapa ngaku danyang manyaran ndak sawang piyayine premana, nanging kalamangsa ing pangandika sing ora perlu kudu sing perwira. Nganpunten.
@Bapak Sukasno ingkang Kawulo hormati…
Matur suwun sampun kerso, mengulas Dusun Sumberjo, (Pangapunten nggangge bahasa Indonesia)
Cerita diatas memang sebagian besar sama yang saya dengar dari orang2 tua Sumberjo dan buktinya memang sampai saat ini juga masih ada, dan yang belum pernah saya dengar adanya desa Gumuk menurut alur cerita…Nah mungkin secara kebetulan di dua desa antara Gumuk dan Sumberjo ada hubungan yang erat khususnya bagi saya sendiri, karena saya asli dari Sumberjo dan saya bertemu jodoh saya dengan orang kelahiran Gumuk, Semoga ini hanya secara kebetulan dan mendapatkan Barokah dari ayng Kuasa. Amin…
Salam paseduluran,
sukasnosumberjo
@Sukasnomberjo
Kawula bade ngaturi cecala, bilih bahan pawarta ingkang kula tampi namung semanten, ing mbok bilik ing mangke wonten sanak sederek urun rembuk saget animbuhi warta ing nginggil adamel bobot dogma menika.
Janipun kawula pados bahan dogma Umbul Naga, gandeng Pak Harto animbuhi babagan dumadine dusun Ngrusah, Mejid Tiban Dusun Duwet , kawula wedar rumiyen, amargi dogma Umbul Naga nembe kawula serat damel orek-orek rumiyem , mugi-mugi dumugining mangsa kala saget kawula aturaken wonten warta komunitas punika.
matur nuwun sanget pak kasno monggo dipun terusaken anggenipun nulis . supadoso nambahi kawruh kulo . menawi saget deso sanes-sanes ipun lan sageto dipun kempalaken mangke dipun cetak . nuwun
tes
kasil tenan…..meniko babakan carios sejarah umbol noggo. sedulur sampun kesupen nggih….babakan carios umbul nogo sampun dipun sumpeaken wonten ing sejarah tlatah manyaran , inggih puniko dusun punduh…sampun ngantos kapedot pedot sejarahipun. punduh wonten sumber ingkang kasebut ing sejarah, nggih puniko “SENDANG SONGO/KEBON AGUNG”, menurut buku negoro toto punduh kasebut sendang songo meniko bagian tengah saking awake nogo ingkang sampyuh rikolo perang kalih gajah,lan buntutipun katitis wonten ngudal ,menurut buku negoro toto punduh malih rikolo riyen gajah dipun titahaken ngirim panganan, wonten tengah dalan dicegat kalih nogo ontobogo. panganane podo brantakan (bukti: ono sebelah kulon lapangan punduh ono watu gajah lan panganan sing wis dadi watu gedene sak tomblok toblok, rikolo semono jamane simbah, yen watune dibacuk isih metu getihe)…..to be cont