Yen kelengan jaman semana aku ngguyu ngleges. Ngepasi numpak metro mini jurusan blok M Rempoa. Seka terminal Blok M penumpang rada sela, awit sing makarya durung pada bali seka kantoran. Nganti tekan taman puring aku lungguh dewekan. Tumadakan tekan taman puring (mayestik) kenekke bengok-bengok karo muna-muni bayoran, tanah kusir, rempoa. Ora sawetara ana pawongan wadon numpak ndelalah lungguhe milih ana sandingku. Sajroning batin pikiranku, wah kabejan aku sak iki. Dasare bocah wadon mau ayu pasuryane, endah sulistyane, mblarak sempal lembehane, kembang bakung bangkehane, alise nanggal sepisan, tur ya dekik pipine, untune ginsul nambah endah esem sulistyane. Lehku lungguh rada ndak inset sethithik, karana arep nakoni wong wadon mau. Ndak wanek-wanekake.nggonku pitakon. Mbak dari mana dijawab dari belakang, mau kemana mau kedepan, wah piye apa entukku takon salah. Lengkapnya Klik disini
Archive for May, 2009
KOJUR PING PITULIKUR
Author: sukasnoMay 28
Dina iku tangga desaku nganakake acara bersih desa (rasulan) Kaya dene isih ngoyot nganti seprene. Acaran kaya iki diadani ing padesan babaran panen sawah. Aweh puji syukur marang Gusti Allah, Manawa anggone tetanen akeh kasile matumpuk-tumpuk. Malah digadhukake karo pralambange dewi Sri (dewi padi). Lengkapnya Klik disini
SALAKI RABI
Author: sukasnoMay 26
Jaman modern sing wis sarwa maju kaya saiki, nyatane saya akeh wong sing noleh marang ajaran tinggalane para leluhur. Mbok menawa padha lagi rumangsa nalika padha wis urip mawa budaya tumrape wong Jawa. Ewa semana uga ora sethithik sing pancen nyata-nyata ninggalake budaya Jawa, merga nganggep wis ora trep maneh, umpamane bab ajaran-ajaran lan wewarah tumrap kaum wanita. Ing ngisor iki wewarah kuna kaya wis diandharake ing ahli basa lan budaya Jawa, mengku pituduh murih kautaman. Wanita bisa jatukrama oleh priya kang : 1. Alus ing budi, bagus ing warna, sembada ing pasarirane 2. Awatek setya ing rabi, tuhu asih tan melik ing wanita liyan 3. Gedhe guna kayane, tanpa pakareman utawa saradan, tur bisa momong, ngepenakake ati 4. Ambeg legawa, kendel kumandel ing rabi, ngleksanani ing panjaluk, cumandhong karsa raharja. Priya bisaa jatukramne oleh wanita kang : 1. Ayu lan rahayu, setya tuhu ing guru laki 2. Wasis rumanti angrerukti bale somah 3. Gemi nastiti lan ngati-ati, bisa tata ngubetake guna kaya 4. Awatak nriman, ora goreh butarepan. Babagan ing dhuwur iku wis bisa mahanani swasana sih sutresnanning laki rabi, atut runtuting jejodhohan. Gothanging bab-bab kasebut, ing sabisa-bisa kasembuliha ing kautaman liya. Lan pupusane apa ana ing donya iki apa-apa kang sampurna tanpa kuciwa. Sirik tumraping wanita: 1. Awatak cugetan, butarepan 2. Dhemen tinggal omah mung dhapur seneng seneng 3. Ora gelem ngapura luputing guru laki ndadak mung nganggo benere dhewe. 4. Lancang-calak, kaya mung kuwasa dhewe 5. Ora bekti guru laki, mung tansah memadoni, waton anyulayani 6. Sok gelem medhar wewadi, ngucap bak-bab kang gawe rikuh-wiranging guru laki 7. Jenak jejagongan karo priya kang dudu mukrime 8. Sumengit, ora hurmat marang wong tuwa, mara tuwa 9. Gumedhe, dhemen pamer, ngunggul-unggulake dhiri 10. Boros, ngebreh, dupeh mung kari oleh. Kang wis dadi wateking wanita: 1. Gemi, bisa ngrerumat, ora ngebreh bisa simpen wewadi 2. Suci, setya tuhu ing guru laki 3. Nastiti, patitis ing petung, ngeman laku kang tanpa pakoleh. 4. Ora ngetung-etung, gunakaya guru laki yen durung segunung 5. Ngati-ati , yitna tanpa sembrana ing reh solah muna-muni ora tinggal duga-watara 6. Gemati, tanpa keguh olehe open lan mulasara sa-riraning guru laki 7. Ngerti, bisa nuju karsa, wruh wahyaning mangsakala. 8. Miranti, taberi jaga-jaga yen ana karya samangsa-mangsa, aja nganti kedadak ing butuh, setemah kecipuhan 9. Rigen, Kuwawa nata-mrenata ngrakit-ngrukti, barang kaya angrampungi 10. Mugen, mungkul ati-sawiji, tanpa nganggo mangro tingal, lumuh reh kadursilan. Priya wis ora bisa selak, kudu rumangsa yen : 1. kudu kena diiyomi 2. kudu kena digugoni 3. kudu pantes ditresnani 4. kudu bisa diajeni 5. kudu kena dijagakake guna-kayane 6. kudu bisa njaga kahurmataning brayate 7. kudu bisa nyukupi butuhing brayate 8. kudu bisa ambombong aweh ati 9. kudu bisa ambebungah samurwate 10. kudu bisa anenarik marang ing kautaman Larangan tumraping guru lakine marang rabine : 1. siya, kasar, sumengit 2. cupar, tur tansah sarwa maido 3. ngundat-undat ngundhamana 4. memoyok amemada 5. sugih larangan lan banget anyencang 6. muthet banget marang kabutuhan 7. cengkiling, gelem milara ing rabi 8. kolon, ora nguman-umani 9. kemproh, nganti numusake rasa jijik, eneg 10. ngglobot nganti ngisin-isini. Tumrape wong Jawa kudu andarbeni tandang-tandhuk laku tama, lan unggah-ungguh, dadya satriyatama. ***SKM 2009. Lengkapnya Klik disini
Jare ‘I Like Wonogiri’
Author: Dewi HastutiMay 19
SELAMAT ULANG TAHUN WONOGIRI Lengkapnya Klik disini
Kacang ja ninggalke lanjaran.
Author: sukasnoMay 19
Dening Ki Sukasno Kridho Martono
Kumpul sedulur, warga desa Mantren sing bara menyang kutha Jakarta gunggunge watara atusan. Aja nganti ninggalake sejarah, ngendikane Bung Karno. Uga ing kitab suci akeh ngungkap ayat ngenani pentinge sejarah kanggo nenthokake kegayuhan. Sejarah nasional ngendikake ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani. Lengkapnya Klik disini
Pembangunan Sumur Bor Mantren - Gunungan
Author: sukasnoMay 15
Wara-wara Para Sedulur Mantren, Pakabaran Desa lagi padha panen Kacang brudul.
Kanggo makmurke desa Mantren, lagi wae antuk bantuan duit Rp 20 juta, pinangka kanggo gawe sumur bur, janjine kala acaran temu kangen halal bihalal bakda wengi wis bisa kaleksanan, eguh pratikele Bapak kepala Desa (Mulyadi). para kadang disuwun sumbang surunge, ben murah banyu, ora ngangsu, ora tukar padu, karo tanggaku. Matur nuwun Bapak Mulyadi.
Selamat pada Mas Wanto selaku pamong Kadus Mantren, sembada ing driya, ngrungkebi mangun praja, lagi telung sasi madeg wis bisa nuwuhake kabisane raharjaning desa.
_________________
diPosting oleh admin
Read the rest of this entry »
Iklan/Promosi Pasar Maya Manyaran Bulan Mei
Author: suwandiMay 15
Sebelumnya Mohon Maaf untuk Mas Suwandi dan rekan2 warga maya manyaran lainnya, sehubungan dengan posting bertemakan Promosi/Iklan yang semakin bertambah dan memungkinkan untuk semakin bertambah dengan pesat. Maka demi menjaga fungsi blog ini sebagai forum silaturahmi sesama warga manyaran, saya mengusulkan untuk memasukan iklan/promosi dalam bentuk isian “COMMENTS” pada judul posting khusus “Iklan/Promosi Pasar Maya Manyaran Bulan XXXX” yang akan diperbarui setiap bulannya.
Demikian, usulan saya, semoga tidak mengurangi kenyamanan dalam bersilaturahmi sesama warga manyaran.
Salam - Admin.
ALI-ALIKU
Author: sukasnoMay 14
Bawa:
Cumlarat cahyane abrit,
Rasane ngonmu prabawa
Tetali tresnaku biyen
Antep babat jroning rasa
Neng driji manis kiwa
Ing mangke wis pisah dangu
Kok anehe sing ngalela, Lengkapnya Klik disini
DIWAYUH
Author: sukasnoMay 14
Mbok menawa iki wis garising pepesthen menawa jejodhoan, pinangka karana sesandingan saklawase urip. Senthong papan anggone turu katon resik, korden jendela werna ijo titambah gandane kembang melati sing disebar sakdhuwure sprei ngresepake ati, lampu limang wot animbuhi swasana romantis. Anggone yu Minthuk nunggu rawuhe mas Joklowor kanthi tenanan, kabeh tinata kanthi permati aja nganti nguciwani, uga anggone ngudi sarira tansah permati. Adus kanthi sabun wangi, uga sabun sing ngandung suruh kangggo ngosoki perangan awak sing wadi, ora lali jamu sari rapet. Mengkono pangresahe yu Minthuk. Lengkapnya Klik disini
sukasno
Author: sukasnoMay 13
maturnuwun sedoyo sederek ingkan sampun mbantu kulo saget latihan forum rembug keluargo mantren mayaran wonogiri. mugi-mugi sedoyo saget sareng-sareng urun pakabaran kalian sederek ingkang wonten jakarta. Lengkapnya Klik disini
salam kenal
Author: vredymanyaranMay 9
salam kenal dari vredy alumni smp n 1 manyaran 2002 . bagi rekan alumni smp 1 manyaran 2002 bisa hub saya di http://sebuahalasan.blogspot.com ——->terima kasih sukses selalu untuk semua Lengkapnya Klik disini
Numpang INFO
Author: dhidotMay 6
Salam Sukses…smua komunitas MAYA Manyaran. Lengkapnya Klik disini
Lelo ledung
Author: suwandiMay 6
Tak lelo lelo lelo ledung…. Lengkapnya Klik disini
Baru Gabung
Author: rudisetiadjiMay 5
Assalamualaikum Wr,Wb, Lengkapnya Klik disini
Tulisan-tulisan berikut berkaitan dengan peningkatan kesejahetraan dan kemajuan manyaran. Untuk itu diharapkan dapat menjadi inspirasi ataupun bahan diskusi untuk memberikan sumbang sih pada Manyaran tercinta. Baik untuk dibaca, dipahami dan diresponse. Terus Maju Manyaran-ku. .....